Kamis, 06 November 2014

ASAL USUL DESA MBRUMBUNG

Sejarah Desa Brumbung (Ketitang Wetan)
Brumbung
               
Jaman mbiyen, ono wong seng jenenge Mbah Mursyiden, asale saka Tuban. Mranto ing dukuh Bulu. Ing jaman semono Mbah Mursyiden ketemu dening Mbah Sulaseh (adine dayang Bulu kang jenenge Mbah Gusmiseh), Akire wong loro iku kawen. Mbah Mursyiden pengen mbangun desa ing sebrang. Sakteruse Mbah  Mursyiden ngajak anak buahe kanggo  mbabati alas ing sebrang.  Amarga anak buahe kesed kesed lan isine mung mbambung, mulo sebrang iku dadi jeneng “Desa Brumbung”. Nanging pendudukemalah  soyo kesed, lan desa sng asale jenenge Brumbung diganti.
Sok mbiyen nek ono reja rejaning jaman desa seng asale jenenge Brumbung tak ganti dadi Brumbung harjo, supaya deso iki dadi rejo lan penduduke ora mung mbambung.

Ketitang Wetan
                Sakwise dibangun desa Brumbung, ono wong seng nduweni akal yen Brumbung iku diganti jeneng. Amarga penduduke yen podo mlayu podo kesingsalan, mulo dijenengno “Ketitang Wetan”.  Ketitang iku luas kang dibagi ono loro yaiku, Ketitang Wetan lan Ketitang Kulon. Ndek mbiyen iku podo ngrebutke tanah ing siseh sebrang. Nangeng tanah mau wes dikuasi Raci. Ketitang Wetan karo Ketitang pisah amarga wong Ketitang Wetan kalah kekuasaan karo Desa Raci. Seng saiki desa Ketitang Kulun dadi dukuhe raci.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar